19 Jan 2009

Cah Gunung Pompa - Lamuk



Iki sebelah gambare cah gunung pompa (desa lamuk) purbalingga. Sebenere aku dewek jane heran karo bocah kiye, kae ora gelem di celuk bocak lamuk legok (desa lamuk paling ngisor)red. Padahal menurut nyong,tempate kae kan neng mandan ngisor banget di bandingna karo wilayah desa lamuk liane. Tapi mbuh lah . . . jerene sih critane bocah-bocah utawa wong tuwa, mbiyene neng kana kae jere ana pompa banyu sing nggo pranti njikuti banyu apa kepriwe nggo warga sekitare sing memang mandan duwur sekang kali kacangan. Soale gunung pompa kiye kan lewih duwur sekang kali, makane wong njenengi gunung. Memang jaman mbiyen nek ana pompa kaya kuwe bisa di omongna wong sugih,tapi mungkin sih mbiyen tukune patungan dadi teyeng rame-rame njenengi gunung pompa.Soale wong-wong kan mungkin pada urung teyeng tuku jaman semono.
Nah . . . mungkin sekang kono wilayah kae di arani gunung pompa neng masyarakate. Tapi . . . siji sing tetep gawe heran alias aneh,kadus utawa dusun liane ngarani ya . . . "lamuk legok" ora terkecuali nyonge . . . . .

*aja kesindir apa gela karo nyong, nyong wong nom kur anu teyenge mung ngira-ngira. Dadi nyong njaluk sarane bae sing mbangun sekang rika kabeh*

- sembah matur kesuwun-

0 komentar anda: